Parikan Jawa Lucu Terbaru #Parikanjawa


Semua parikan yang ada dibawah saya ambil dari tweet yang menggunakan hastagh #parikanjawa. Untuk membaca yang lainnya silahkan cari di twitter dengan hastagh #parikanjawa.

1. Sugeng ndaluu denmas diajengg... Lomba mlayu, tekan ngarep gerbang... Paras ayu, tapi mlakune ngambang. - Muntilaninfo

2. Bulek Tin ngundang sukuran, aku ra teko polahe cacar. Valentine malah kepikiran, solae aku rung duwe pacar. - @hilmifaiq

3. Wit Klopo kuwi arane Glugu, Disigari diporo dadi pitu. Saben dino aku ora bisa turu, Kangen sopo, ora jelas ning atiku. - @aelfeb

4. Jajan sekoteng, no prapatan karang ayu.. Opo artine ngganteng, nek ora payu-payu. - @OjoNesu

5. Sing abang wae akeh, sing ijo-ijo kok di unduhi, sing prawan wae akeh, sind duwe bojo kok dirusuhi. - @kesemutan

6. Kembang mawar warnane abang, langit warane biru. Rasane nganti saliwang, nurut karepe atimu. - @nyiagengdisco

7. Tugu yogya lampu bangjo. Urip wis mulya gari golek bojo. - @OjoNesu

8. Lungo Indramayu karo mlayu-mlayu.. Jarene ayu tapi kok rak payu-payu. - @akka_akbar

9. Ijone sawah disawang karo mlaku.. Tresna mu koyo hadiah, syarat dan ketentuan berlaku.. - @Teguh_nak_sm9

10. Nang stasiun Tawang njogo toko. Pisang molen nggo tombo ngelih. Isaku nyawang lewat poto. Rasane kangen kudu ndang mulih :) - @purwanindita

11. Tuku susu tekan sarkem, iki wis wengi su, ayo ndang merem! - @sipmarkosip

12. Ngombe jamu jamune bratawali, esem mu cen nggawe awakku lupa diri.. - @sipmarkosip

13. Macan mati ninggalake kulit. Lampune mati mbok wedhok jerat-jerit - @OjoNesu

14. Menyang malioboro tuku keris, pengen bojo londho tapi aku gak isoh boso enggres. - @cokichoki

15. Numpak sekuter nganggo sepatu hak.. Awakku gemeter nyawang brengose bapakmu di Mohawk. - @bebekjakarta

16. temanggung udane deres ndhuwur diambung ngisore teles.. - @ariffsuyono

17. Marcopolo Bartolomeu Dias.. Masio jomblo ojo sampek ngombe potas.. - @daristya

18. David trezeguet Bambang pamungkas.. Yen pengen pacaran awet, bar malem minggon pacarmu lebokno kulkas.. - @OjoNesu

19. Ngombe jamu, marakke lemu.. Tresnaku marang sliramu, kealang brengos'e bapakmu.. - @@Juanxdystopia

20. Sambel pete cocolan tahu. Tahu susur cacahe loro. Jane rupaku karo Sule yo isih bagus aku. Neng kok angel men yo golek bojo? - @OjoNesu

21. Wiji duren arane pongge. Dibubur enak rasane. Lanangan/wedokan keren akeh tunggale. Sing jujur angel golekane. - @OjoNesu

22. Iwak lele neng njero wajan. Kok angele sak iki golek prawan.. - @munixcaem

23. Preman gianyar ngelmu kanuragan. Perhatian! Mantanku wis duwe pacar anyar! Sekian. - @OjoNesu

24. nyuwek dluwang nganggo lading, iso nyawang ning raiso nyanding. - @Thir_wongso

25. Budal ngetan tuku boto,ora lali tuku kloso. Golek bojo sing iso dijak urip soro, sakwayah2 iso dikon nyithak boto. - @kevinarv

Komentar